Puja-puji syukur Alhamdulillah mugi
kunjuk ing ngarsaning Gusti Allah SWT. Ingkang sampun paring berkah saha hidaya
dhumateng kita, bilih ing dalu punika kula panjenengan sami saged makempal
wonten ing Mushola Baitul Muqodas Desa Bangsalan Kecamatan Sambit Ponorogo, kangge
angrengengaken dinten ageng umat Islam dinten Iedul Adha utawi idhul Kurban.
Bapak-bapak, ibu-ibu saha
sadherek kaum muslimin wal muslimat, dinten ari raya idhul kurban punika
mengerti kanjeng Nabi Ismail as. Dipun semebelih tiyang sepuhipun inggih punika
kanjeng Nabi Ibrahim as. Minangka pangujining Gusti Allah SWT. Dhumateng kanjeng
Nabi Ibrahim as. Kaliyan putranipun Ismail. Kados pundi ketakwaan saha sih
katresnanipun kanjeng nabi dhumateng Allah SWT. Awrat pundi tresnanipun
dhumateng pangeranipun punapa awrat tresnanipun dhumateng putranipun. Kanjeng Nabi
Ibrahim mbuktekaken bilih tresnanipun dhumateng Gusti Allah SWT. Langkung ageng
tinimbang tresnanipun dhumateng ingkang putranipun Islamil. Pramila kanthi
ikhlas nabi Ibrahim as. Rila ngurbanaken putranipun. Kanthi kekuasaanipun Allah
SWT. Pramila ismail dipun gantos satunggaling menda domba.
Saking kedadosan punika kita
saged mendet hikmahipun. Hikmahipun, kita manungsa kedah ikhlas ngurbanaken
banda saha sadya ingkang dipun kersakaken Allah SWT.
Kados pundi riwayat saha
kedadosanipun ngengingi kanjeng nabi Ibrahim dalah putranipun, ing samengke
saged dipun midhangetaken aturipan para tokoh desa lan alim ulama ing andicara
candakipun.
Wasana atur pambuka saking kula
mboten perlu kula panjangaken. Cekap semanten kemawon atur kula, akhirul kalam
bilahit tahufik walhidayah.
Wasalamualaikum
Wr. Wb.
Nuwun!Sign up here with your email

ConversionConversion EmoticonEmoticon